UPACARA ADAT
1. Tedhat siten
Bayi sing mudhun lemah sepisanan
2. Labuh
Slametan ing pinggir segara kanggo nylameti lan syukur ing Pangeran. Panganan di labuh utawa dicemplungake ing segara
3. Bersih desa
Slametan desa minangka tulak-balak supaya desane aman, ayem, tentrem nir ing sambe kala. Bubar slametan biasane njur resepsi ana bala desa
4. Pitonan
Upacara slametan kanggo bayi sing umure pitung sasi
5. Tingkeban
Upacara slametan kanggo bayi umur pitung sasi ana njerone kandhutan. Bapak lan Ibune si bayi padha adus banyu kembang. Upacara diterusake nyigar klapa gadhing sing digambari wayang loro lanang lan wadon
6. Nyadran
Slametan tumpengan ana ing papan binuka (tempat terbuka)
7. Pethik laut
Slametan ana ing pinggir segara minagka amiwiti para nelayan arep golek iwak supaya slamet lan asile akeh
8. Ngundhuh mantu
Upacara kemanten kang manggon ing keluarga kemanten lanang, sakwise upacara angkat nikah ana ing keluarga kemanten putri
Upacara adat iku tujuane:
1. Ngleluri budaya bangsa supaya tetap lestari
2. Puji syukur ing Pangeran atas peparing rezeki lan berkah sing wis ditampa
Tidak ada komentar:
Posting Komentar
Silahkan anda beri komentar :)
Dilarang berkomentar yang tidak sopan
Terima kasih anda telah mengunjungi blog kami